Candinata.desa.id – Kemasyarakatan. Dina Kemis(10/08/2017) dina mbarang gawene emak-emak sing neng grup PKK desa Candinata dadi tuam rumah pembinaan administrasi sekang Group PKK kabupaten Purbalingga. Pancen kawit sewulan Tiem Pembina PKK sekang tingkat Kecamatan ngantor neng Balaidesa sing gunane ndampingi emak-amak PKK desa Candinata supayane pas wektu pelaksanaan kuwe di nilai apik.

Sewulan kuwe Bu Riyanti sekang Kecamatan karo Bu Wiwie ngoprak-opraki Emak-emak PKK Candinata kon pada nggarap administrasi sing apik. Di antarane nulis/nyateti jumlah penduduk,jumlah umah, Jumlah Perternak, Petani nganti tekan carane nggunakna lahan sekitar umah kon dimanfaatna nggo apotik hidup, warung hidup, lan werna wernane.

Puncake mbarang gawene PKK Desa   Candinata ya kuwe dina Kemis (10/08/2017). Dina kemis kuwe mau ana kerawuhan tamu Tiem PKK kang Kabupaten sing rencanane de pimpin Ibu Enny Tasdi. Ananging merga pas ana lomba dalam rangka memperingati HUT RI Ke 72 ya kuwe lomba masaknnasi goreng sing pesertane para Camat maka Ibu Eny Tasdi berhalangan rawuh wonten ing desa Candinata.

Senajan Ibu Eny Tasdi ora bisa rawuh nanging rombongan Ibu-ibu TP. PKK Kabupaten tetap hadir kanggo mbina Administrasi lan ngendhong silaturrahim maring pirang umah sing jere de namai rumah sehat. Rumah sehat ya kuwe rumah sing urung keramikan, bersih, ana Kamar mandine, ana sarana kebutuhan primer lan bisa manfangatna tanah sekitaran rumah kanggo nanam sayuran, apa dene tanaman obat-obatan. 

Rombongan Ibu TP.PKK kabupaten kersa dahar ala kadarnya lan ngendong neng daleme ibu Mar Sudarno. Umah kiwe sing dadi peecontohan uamh sing sehat lan bisa manfangatna tanah pekarangan nggo nanduri bayem, kara, jahe, lan okra ana maning neng halaman rumaeh kuwe rapi indah merga ana tanaman kembang sing de tanduri neng pot. 

Alhamdulillah administrasine lumayan bagus, lan perlu di tingkataken lan mudah-mudahan salah siji Kelompok Kerja alias Pokja bisa mewakili kabupaten kanggo lomba PKK tingkat Peopinsi. Kuwe mau berkat kerja keras, kerja ikhlas, lan kerja cerdase emak-emak group PKK Desa Candinata. Kerja Kerase ya karena semnangat lembur tekan wengi nggarapi administrasi, Kerja Ikhlase mergane kadang ninggalna anak lan suami merga kon kumpulan nggarap administrasi dengan cara kelompok, Kerja Cerdase karena kudu pinter bisa mbagai wektu antara ngurus anak lan suami, ngurus umah lan nggolet wektu pas nggo kumpulan bareng-bareng kelomok nggarapi tugas sing kudu de setor karo masing-masing ketua Pokja.

Acara mbarang gawene kuwe pas dina kemis(10/08/2017) kawit esuk nganti tekan ngawan bar dhuhuran. Senajiand mbarang gawene emak-emak tapi Bapak-bapak ya mbantu kanggo semangat lan tercapainya kesuksesan acara Pembinaan Administrasi TP.PKK desa Candinata sekang TP.PKK Kabupaten Purbalingga. 

Acara kuwe mau ora mung de dukung sepenuhe neng Pemerintah  Desa (Pemdes) Candinata yakue Kades lan seperangkate tapi  dehadiri juga sekang unsur kelembagaan desa Candinata kaya dene ketua lan wakil BPD (Sukirman lan Sudarno),  Ketua LKMD (Jakiman, S.Pd) lan Tokoh Masyarakat (Sukardi). (Afien81)*